Lelakon laku


Urip iki mung saderma nglakoni .  ( SUGIH - miskin, [ pinter lan bodho ] wis kinodrat saka garising pepenthen. Senajan bener manungsa diwenangake ikhtiyar, mbudidaya , bisa klakon lan orane apa kang digayuh hiya isih gumantung ing panguwasaning Pangeran.

Kodrat anane pinter - bodho , sugih lan miskin iku kanggo supaya wong ing ngalam ndonya iki gelem tulung-tinulung marang sapepadhane. Sing ginanjar sugih, kudu rumangsa yen ana bandha titipan darbeke wong miskin , supaya diwenehake. Mengkono uga kapinteran,ilmu utawa kawruh, ora bakal suda yen ditularake marang sing bodho. Kepara malah saya tambah kapinterane saka sihing Pangeran amrih bisa ditularake maneh.



( Dene kok ana wong-wong pinter sing kepinterane kanggo minteri, ngapusi...Titenana, wis mesthi bakal kesumpet kapinterane sing tanpa guna , bakal dadi wong sing ora kajen, nistha uripe ).


Prakara mengkono iku mesthine gampang dipahami yen wong mau gelem nggunakake weninge pikire lan landheping rasane. Ora mung mlarat wae sing aran pacoban, kasugihan ya aran pacoban, apa sing sugih mbrewu iku bisa nanjakake kasugihane kanthi bener, apa malah mendem dening kasugihane sing gawe petenging nalare.
Iklan ada di sini

Komentar

Archive

Formulir Kontak

Kirim